Jumat, 27 Mei 2011

Atur Panampi Pasrahan


ATUR PANAMPI PASRAHAN

Assalamu'alaikum Wr.Wb
Nuwun sagunging para rawuh sadaya ingkang satuhu kinabekten.
Bapak-bapak, Ibu-ibu, sadherek-sadherek saha dutaning besan ingkang sahat kinurmatan.
Saderengipun kula nguwun sih pangapunten ingkang agung awit kula jumeneng ing mriki.
Panjenenganipun Bapak…………………… (asmanipun ingkang masrahaken) kula minangka wakilipun Bapak………………. Sekaliyan ingkang wekdal punika mboten kuwawi matur, amargi Bapak……………….. sekaliyan nembe ngeraosaken bombongin penggalih suka pari suka pikantuk sung-sung talining katresnan ingkang tanpa pepindhan.
Sepindah, panjenenganipun Bapak………………. Sarimbit ngaturakwn puja-puji syukur dhateng ngarsaning Gusti Allah SWT ingkang sampun ndhawahaken kanugrahan dhumateng Bapak saha Ibu…………., katitik ing wekdal punika saged ngajangi pawiwahan upacara pasrah-pasrahan.
Ingkang kaping kalih, kula pribadi tuwin Bapak………… sekaliyan ngaturaken pambagya rahayu wilujeng rawuh panjenengan sadaya, ingkang sampun kanthi sugeng basuki mlarapaken sarat sarana psrahan saking dalem dumugining wisma mriki.
Kaping tiganipun, atur salam taklimipun sampun dipun tampi dening Bapak…………….. sekaliyan, ingkang lumantar Bapak……………… (ingkang ngaturaken pasrahan) kala wau.
Semanten ugi Bapak……………. Sekaliyan ngaturaken salam mugi katur wonten ngarsanipun bapak saha ibu……………. Kanthi pepuji mugi-mugi tansaha pinaringan sih kanugrahaning Pangeran, cinelakna ing suka rahayu lan tinebihna ing godha rencana.
Kaping sekawan, Bapak…………. Sekaliyan neda nerima ngaturaken matur nuwun ingkang tanpa pepidhan, dene Bapak……………… sekaliyan kersa angenthengaken bot karepotaning Bapak………………
Pamila saking punika, pasrahan temanten kakung sampun dipun tampi kanthi suka renaning manah. Menawi sadayanipun sampun semekta ing damel, Sri pengantin kekalih badhe kadhaupaken.
Mawantu-wantu panyuwunipun Bapak…………….. sarimbit mugi panjenengan dalah para pangaraking panganten sedaya kasuwun kanthi sanget keparenga anglajengaken suka pari suka anggenipun lelenggahan kanthi miranggan ngantos dumugi paripurnaning pahargyan punika.
Minangka puputing rembag, mbok bilih anggen kula ngaturaken atur panampi punika taksih kathah cicir cewet kuciwaning atur, saha kirang mranani penggalih, kula namung nyuwun gunging samodra pangaksama.
Nuwun!
Akhirulkalam, bilahit taufik wah hidayah.
Wassalamu’alaikum Wr. Wb

Tidak ada komentar:

Posting Komentar