Jumat, 27 Mei 2011

Atur Pambagyo


ATUR PAMBAGYO WILUJENG ING TEMANTENAN

Assalamu'alaikum Wr.Wb
Nuwun, para panisepuh ingkang satuhu dahat kula bekteni. Para rawuh kakung sumawana putri ingkang satuhu bagya mulya. Mugi rahayu saha winantu sagunging karaharjan mugi kasarira ing para tamu sadaya.
Keparengan kula sumela atur nggempil kamardikan panjenengan sekaliyan, kalanipun sakeca wawan pangandika.
Kula minangka tetalanging tanggap wacana, kalilanana kula matur ing ngarsanipun para rawuh sadaya, bilih saking keparengipun Bapak……………. Sekaliyan, kula tinanggenah nglairaken raos pangraos ingkang mijil saking telenging wardaya. Ingkang dingin : ngaturaken sewu syukur Alhamdulillah wonten ing ngarsaning Gusti Allah SWT dene hajatipun Bapak tuwin Ibu………….. anggenipun gadah damel ndaupaken putra putri ingkang nanti…………… sampun kalampahan daup kaliyan………………. Rikala dinten………………… tanggal kaping…………. Wanci jam……….. wonten ing…………… kanthi wilujeng nir ing sambikala.
Kaping kalihipun Bapak saha Ibu…………… sakulawarga kanthi bebeg birawaning manah, ngaturaken suka bingahing manah saha ngaturakwn pambagya wilujeng sarta agunging panuwun ingkang tanpa pepindhan katur para rawuh sadaya ingkang sampun kersa rawuh, saperlu paring berkah wilujeng dumateng Sri penganten sekaliyan, sumrambah dumateng sanak saderek sadaya.
Mboten kasupen Bapak saha Ibu…………… ngaturaken gunging panuwun ingkang tanpa upami katur para sadherek, kadang kadeyan pamong mitra, tanggga tepalih saha para muda mudi sadaya ingkang sampun kanthi lila legawaning manah paring pambiyantu lan panyumbang ingkang awujud punapa kemawon.
Sarehning Bapak saha Ibu………….. sakulawarga mboten saged ngaturi piwales punapa-punapa, sagedipun namung ngaturaken puja-pudyastuti, mugi-mugi panjenengan sadaya angsala sih kautaman saking ngarsaning Gusti Allah SWT sarta angsala piwales sih kanugrahan ingkang matikel-tikel saha mawantu-wantu.
Kaping tiganipun, Bapak saha Ibu……………… sakaluwarga nuwun sih panarima panjenengan sadaya, kersaha paring berkah pangestu puja pangastuti, mugi-mugi Sri pengantin sekaliyan sageda nglaksanani kekudanganipun para pinisepuh sadaya.
Sageda Sri pangantin sekaliyan antut runtut dumugining kaken-kaken lan ninen-ninen, rahayu, widodo kalis ing sambekala. Saha mugi-mugi enggal angsala momongan putra utawi putri ingkang bekti dhumateng Allah SWT, bekti dhumateng rama ibunipun saha para pinisepuhipun, sageda mikul suwur mendhem jero, labuh labet dateng nagari saha bangsanipun, sageda murakabi dhateng bebrayan agung.
Kaping sekawanipun, mbok bilih wonten kiranging trapsila anggenipun ngacarani, bojakrama para sanak sadherek ingkang tinanggenah among tamu saha kirang mranani anggenipun mapanaken palenggahan, ugi kirangipun trapsila anggenipun para kaneman nyaosaken pasugatan, mugi kersaha para tamu anglunturaken samodra pangaksami.
Ing wasana para tamu kasuwun keparenga anglajengaken lelanggahan kanthi mirunggan, suka manggung, suka marakabi sadaya pasugatan lan lelangen ingkang sampun sumawis ngantosa dumugi sak paripurnaning pawiwahan punika.
Minangka panutuping atur, mbok bilih anggen kula ngaturaken tanggap wacana ambagya wara punika kathah cicip cewet kuciwaning, saha kirang trapsilaning anggen kula matur, kersaha para tamu anglunturaken samodra pangaksama.
Akhirulkalam, bilahit taufik wah hidayah.
Wassalamu’alaikum Wr. Wb
Nuwun !

Tidak ada komentar:

Posting Komentar